Sony Xperia XA1 - Ngisi daya piranti

background image

Ngisi daya piranti

Tansah anggo pangisi daya Sony asli lan kabel USB Type-C™ sing digawe khusus kanggo

model Xperia™ tartamtu. Pangisi daya dan kabel liya bisa ningkatake wektu isi daya, ora ngisi

daya babar blas, utawa uga bisa ngrusak piranti. Pesthekake kabeh port USB lan konektor

garing banget, sadurunge nglebokake kabel USB Type-C™.

Pangisi daya soket tembok bakal ngisi daya piranti luwih cepet tinimbang ngisi daya liwat

komputer. Sampeyan isih bisa nggunakake piranti nalika ngisi daya.
Yen baterei kothong, bisa merlokake nganti 30 menit supaya piranti nanggepi pangisian

daya. Nalika wektu iki, layar uga bisa tetep mati, ora nampilake lambang ngisi daya. Uga

elinga yen iki bisa merlokake nganti 4 jam kanggo baterei sing kothong kabeh supaya

bisa kebak.

Piranti nduweni baterei sing bisa diisi lan mung bisa digenti dening pusat reparasi Sony resmi.

Sampeyan aja nyoba mbukak utawa mbongkar piranti dhewe. Yen nindakake kuwi bisa

nyababake rusak lan mbatalake garansi.

Ngisi daya piranti

1

Encepake pangisi daya menyang stopkontak.

2

Tancepake pucuk kabel USB Type-C™ menyang pangisi daya (utawa menyang

port USB ing komputer).

3

Encepake pucuk kabel sijine menyang port USB Type-C™ ing piranti. Lampu

kabar urip nalika pangisian daya diwiwiti.

4

Sawise daya piranti diisi kebak, jabut kabel saka piranti kanthi narik metu. Aja

nganti nekuk konektor.

Penting nggunakake kabel USB Type-C™ (disedhiyakake) nalika ngisi daya piranti amarga

kabel USB jinis liya bisa ngrusak piranti.

Yen baterei kothong babar blas, perlu sawetara menit sadurunge lampu kabar urip lan

lambang ngisi daya muncul.

35

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Status lampu kabar baterei

Ijo

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih akeh saka 90%

Oranye

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih sithik saka 90%

Abang

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih sithik saka 15%