Sony Xperia XA1 - Nggoleki piranti sing ilang

background image

Nggoleki piranti sing ilang

Yen nduweni akun Google™, layanan web "Protection by my Xperia" bisa nulung

nemokake lan ngamanake piranti yen sampeyan nate kelangan. Yen wis ngaktifake

layanan iki ing piranti, sampeyan bisa:

Nemokake piranti ing peta.

Munekake pepenget yen piranti ing mode Aja ngganggu.

Ngunci piranti saka kadohan lan nyetel supaya piranti nuduhake informasi kontak

sampeyan kanggo sapa wae sing nemokake piranti kasebut.

Mbusak memori internal lan eksternal ing piranti saka adoh minangka cara trakir.

Yen mbusak memori internal piranti nggunakake layanan web "Protection by my Xperia",

sampeyan kudu mlebu nyang akun Google™ sing wis disinkronake sadurunge ing piranti iki

yen piranti diuripake maneh.

Layanan "Protection by my Xperia" bisa uga ora kasedhiya ing kabeh nagari utawa wilayah.

18

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngaktifake Protection by my Xperia

1

Pesthekake sambungan data aktif, lan aktifake layanan panggonan ing piranti.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Layar kemunci & kaamanan > Palindhungan dening

my Xperia > AKTIFAKE.

4

Centhang kothak yen sarujuk karo sarat lan katemton layanan, banjur tutul

TAMPA.

5

Yen dijaluk, mlebua ing akun Google™, utawa gawe akun anyar yen sampeyan

durung duwe.

6

Kanggo mesthekake layanan Protection by my Xperia bisa nemokake piranti

sampeyan, bukak

myxperia.sonymobile.com

lan mlebu menyang akun Google™.

Yen sampeyan ngandum piranti karo sawetara pangguna, elinga yen layanan Protection by my

Xperia mung kasedhiya kanggo pangguna sing mlebu minangka pamilik.

Goleki piranti sing ilang nganggo Pangatur Piranti Android™

Google™ nawani layanan web panggonan lan keamanan kang aran Pangatur Piranti

Android™. Sampeyan bisa gunakake kanthi paralel, utawa minangka alternatif, layanan

my Xperia. Yen sampeyan kelangan piranti, sampeyan bisa gunakake Pangatur Piranti

Android™ kanggo:

Nggoleki lan nuduhake panggonane piranti sampeyan.

Ngebel utawa ngunci piranti sampeyan, mbusak kabeh sajerone, utawa tambah nomer

telpon menyang layar ngunci.
Kanggo informasi tambahan bab Pangatur Piranti Android™, bukak

www.support.google.com

.

Pangatur Piranti Android™ ora bisa mlaku yen piranti dipateni utawa ora ana sambungan

menyang internet. Layanan Pangatur Piranti Android™ uga bisa ora kasedhiya ing kabeh

negara utawa wilayah.

Nguripake Pengatur Piranti Android™

1

Yen ngandum piranti karo akeh pangguna, pesthekake sampeyan mlebu

minangka pamilik.

2

Pesthekake sampeyan nduweni sambungan data aktif lan layanan panggonan

aktif.

3

Saka

Layar Ngarep, tutul .

4

Golek banjur tutul

Setelan > Google > Keamanan.

5

Seret panggeser ing jejere

Goleki piranti saka kadohan lan Idini kunci lan busak

saka adoh kanggo ngaktifake kabeh fungsi.

6

Yen dijaluk, rujukake sarat lan katemton kanthi nutul

Aktifake administrator piranti

iki.

7

Kanggo verifikasi yen Pangatur Piranti Android™ bisa nggoleki piranti sawise

nguripake layanan, bukak

www.android.com/devicemanager

lan mlebu

nggunakake akun Google™ sampeyan.

Sampeyan uga bisa ngaktifake Pengatur Piranti Android™ saka

Layar kemunci & kaamanan

ing Administrator piranti.

19

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.