Sony Xperia XA1 - Ngapa aku butuh akun Google™‎?

background image

Ngapa aku butuh akun Google™?

Piranti Xperia™ saka Sony mlaku ing platform Android™ sing dikembangake dening

Google™. Akeh aplikasi lan layanan Google™ sing kasedhiya ing piranti sampeyan nalika

dituku, misale, aplikasi Gmail™, Google Maps™, YouTube™, lan Play Store™, sing

menehi akses menyang toko online Google Play™ kanggo ngundhuh aplikasi Android™.

Kanggo ngoptimalake layanan iki, sampeyan merlokake akun Google™. Contone, akun

Google™ mbisakake sampeyan nindakake kabeh bab ing ngisor iki:

Ngundhuh lan nginstal aplikasi saka Google Play™.

Nyelarasake email, kontak, lan tanggalan nggunakake Gmail™.

Ngobrol liwat video karo kanca nganggo aplikasi Duo™.

Nyelarasake riwayat jelajah lan tenger sing digunakake peramban web Google

Chrome™.

Ngidentifikasi sampeyan minangka pangguna sah sawise ndandani piranti lunak

nggunakake Xperia™ Companion.

Saka kadohan nggoleki, ngunci, utawa mbusak piranti sing ilang utawa dicolong

nggunakake layanan Manajer Piranti my Xperia™ utawa Android™.
Kanggo informasi luwih lengkap babagan Android™ lan Google™, bukak

http://support.google.com

.

Sampeyan kudu eling jeneng pangguna lan sandhi akun Google™ sampeyan. Ing kahanan

tartamtu, sampeyan kudu ngidentifikasi awak sampeyan minangka alasan keamanan

nggunakake akun Google™. Yen sampeyan ora bisa menehi jeneng pangguna lan sandi

Google™ ing kahanan kaya mangkono mau, piranti sampeyan bakal kekunci. Uga yen

nduweni akun Google™ luwih saka siki, pesthekake ngetik rincian kanggo akun sing cocog.

9

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngatur wiwitan akun Google™ ing piranti

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Akun & slaras > Tambah akun > Google.

3

Tututi tuntunan pandhaptaran kanggo nggawe akun Google™, utawa mlebu yen

wis duwe akun.

Sampeyan uga bisa mlebu utawa nggawe akun Google™ saka pandhuan atur wiwitan nalika

sepisanan nggunakake piranti. Utawa, sampeyan bisa online lan nggawe akun ing

www.google.com/accounts

.

Mbusak akun Google™

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Setelan > Akun & slaras > Google.

3

Pilih akun Google™ sing arep dibusak.

4

Tutul >

Busak akun.

5

Tutul

Busak akun maneh kanggo negesake.

Yen mbusak akun Google™, fitur kaamanan sing disambungake menyang akun Google™ ora

bakal kasadhiya maneh.

10

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.