Sony Xperia XA1 - Akun pangguna akeh

background image

Akun pangguna akeh

Piranti sampeyan ndhukung akun pangguna akeh supaya pangguna liyane bisa login

dhewe-dhewe menyang piranti banjur nggunakake. Akun pangguna akeh cocog kanggo

kahanan yen sampeyan nganggo bareng piranti sing padha karo wong liya utawa

nyilihake piranti menyang wong kanggo digunakake sementara. Pangguna sing

sepisanan ngatur wiwitan piranti dadi pamilik piranti. Mung pamilik sing bisa ngatur akun

pangguna liyane. Sakliyane akun pemilik, ana rong jinis akun sing beda:

Pangguna Reguler: Jinis akun iki cocog kanggo wong sing biasane nganggo piranti

sampeyan.

Pangguna Tamu: Ngidini opsi akun tamu kanggo wong sing mung pengin nganggo

piranti sampeyan sementara.

Sawetara fitur mung kasedhiya kanggo pamilik. Misale, mung pangguna sing bisa ngidini

undhuhan sama sumber sakliyane Google Play™.

Babagan akun Pangguna Reguler

Kanthi nambah akun Pangguna Reguler, sampeyan bisa ngidini akeh pangguna nduweni

maneka layar ngarep, wallpaper, lan setelan umum sing beda-beda. Kabeh pangguna

kasebut uga entuk akses dhewe-dhewe menyang aplikasi lan panyimpenan memori

kanggo file kayata musik lan foto. Sampeyan bisa nambahake pitung akun pangguna

reguler ing piranti.

63

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambahake akun pangguna reguler

1

Pesthekake yen sampeyan mlebu minangka pamilik, yaiku, pangguna sing nyetel

piranti saka kawitan.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tambah pangguna.

4

Tutul

OK. Akun anyar wis digawe.

5

Tutul

SETEL SAIKI. Kunci layar lan lambang sing makili pangguna anyar sing lagi

wae ditambahake katon ing pojok tengen dhuwur.

6

Bukak kunci layar kanthi ngusap munggah.

7

Tututi patunjuk ing layar kanggo nyetel wiwitan akun pangguna.

Sampeyan uga bisa nambahake akun pangguna biyasa saka garis status sembarang layar.

Seret wae garis status mengisor lan tutul lambang pangguna, banjur tutul

Tambah pangguna.

Mbusak akun pangguna reguler saka piranti

1

Pesthekake sampeyan mlebu minangka pamilik.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere jeneng pangguna sing arep dibusak, banjur tutul

Busak

pangguna > Busak.

Babagan akun Pangguna Tamu

Yen ana sing pengin nganggo piranti sampeyan sementara, sampeyan bisa ngaktifake

akun tamu kanggo pangguna iki. Ing mode tamu, piranti sampeyan diwiwiti kaya sistem

sing anyar diinstal mung ditambah aplikasi sing wis diinstal sadurunge. Yen tamu wis

rampung nganggo piranti, sampeyan bisa mbusak sesi kasebut nganti resik supaya tamu

sawise bisa miwiti kanthi seger. Akun pangguna tamu wis diinstal sadurunge lan ora bisa

dibusak.

Ngaktifake akun pangguna tamu

1

Pesthekake yen sampeyan mlebu minangka pamilik, yaiku, pangguna sing nyetel

piranti saka kawitan.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tamu.

Sampeyan uga bisa ngaktifake akun pangguna tamu saka garis status ing layar ngendi wae.

Seret wae garis status mengisor lan tutul lambang pangguna, banjur tutul

Tambah tamu.

Mbusak data sesi tamu

1

Pesthekake sampeyan mlebu nyang akun tamu.

2

Saka

Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Golek banjur tutul

Busak tamu.

5

Tutul

Busak.

Sampeyan uga bisa mbusak sesi tamu saka garis status ing sembarang layar minangka mlebu

menyang akun tamu. Seret wae garis status mengisor lan tutul lambang pangguna, banjur

tutul

Busak tamu.

Ngalih antara akeh akun pangguna

Ngoper antarane akun pangguna akeh

1

Kanggo ndeleng dhaptar pangguna, seret garis status mudhun, banjur tutul .

2

Pilih akun pangguna sing arep dioper. Layar ngunci akun pangguna kasebut

katon.

Yen ngalih menyang akun tamu, tutul

Wiwiti maneh yen pengin mbusak sesi sadurunge utawa

tutul

Ya, terusake kanggo nerusake sesi sadurunge.

64

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Setelan akun pangguna akeh

Ana telung jinis setelan ing piranti mawa pangguna akeh:

Setelan sing bisa digenti karo kabeh pangguna lan mengaruhi kabeh pangguna. Contone

basa, Wi-Fi®, Wi-Fi, mode Pesawat, NFC, lan Bluetooth®.

Setelan sing mung mengaruhi siji akun pangguna. Contone panylarasan data otomatis,

kunci layar, maneka akun sing ditambahake, lan wallpaper.

Setelan sing mung bisa dideleng pamilik lan mengaruhi kabeh pangguna, misale, setelan

VPN.

65

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.