Sony Xperia XA1 - Layar aplikasi

background image

Layar aplikasi

Layar Aplikasi, sing dibukak saka layar Ngarep, ngamot aplikasi sing wis diinstal ing

piranti lan aplikasi sing diundhuh.

Ndeleng kabeh aplikasi ing layar Aplikasi

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Gulung cepet ngiwa utawa nengen ing layar Aplikasi.

Ngaktifake utawa mateni dhaptar aplikasi sing disaranake

Kaping pisanan ngakses layar aplikasi, sampeyan entuk pilihan kanggo ngaktifake utawa

mateni dhaptar aplikasi sing disaranake. Sampeyan uga bisa ngaktifake utawa mateni

fitur iki mengko kanthi nindakake jangkah ing ngisor.

1

Tutul terus bageyan apa wae ing layar Ngarep nganti piranti kedher, banjur tutul .

2

Tutul panggeser Aplikasi sing disaranake.

Mbukak aplikasi saka layar Aplikasi

Nalika layar Aplikasi mbukak, gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo nggoleki

aplikasi, banjur tutul aplikasi kasebut.

Nlusuri aplikasi saka layar Aplikasi

1

Nalika layar Aplikasi mbukak, tutul

Tlusuri aplikasi utawa usap mengisor wae ing

layar Aplikasi utawa layar Ngarep.

2

Tik jeneng aplikasi sing pengin ditlusuri.

Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi

1

Nalika layar Aplikasi mbukak, tutul .

2

Tutul

Urutake aplikasi, banjur pilih opsi.

24

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambahake trabasan aplikasi menyang layar Ngarep

1

Saka layar Aplikasi, demek terus lambang aplikasi nganti piranti kedher, banjur

seret lambang menyang bageyan ndhuwur layar. Layar Ngarep mbukak.

2

Seret lambang menyang panggonan sing dipengini ing layar Ngarep, banjur

culake.

Mindhah aplikasi ing layar Aplikasi

1

Nalika layar Aplikasi mbukak, tutul .

2

Pesthekake yen

Urutan saiki wis dipilih ing ngisore Urutake aplikasi.

3

Demek terus aplikasi nganti piranti kedher, banjur seret aplikasi menyang

panggonan anyar.

Mateni utawa mbusak instalan aplikasi saka layar Aplikasi

Mateni aplikasi sing diinstal sadurunge bisa mbusak kabeh data, nanging aplikasi bisa

diaktifake maneh saka

Setelan >Aplikasi. Mung aplikasi undhuhan sing bisa dibusak kabeh

instalane.

1

Tutul terus area ing layar Aplikasi nganti piranti kedher. Kabeh aplikasi sing bisa

dipateni utawa dibusak instalane dituduhake dening .

2

Tutul aplikasi sing cocog, banjur tutul

PATENI yen aplikasi wis diinstal sadurunge

ing piranti utawa

OK yen aplikasi wes diunduh lan pengin dicopot instalane.